Anggitanipun Abdi-dalem Pangeran Wijil ing Kadilangu. ® Pupuh 01 ® DHANGDHANGGULA Pasang tabe sekar madu manis, wasitagnya sudarmeng susanta, nahan kirtya wuryaning reh, pasal kang tumrap suluk, aneng janma satwa ran ki Besi, langkung mesu wardaya, karyanya alungguh, aneng tepining samudra, kang pinangan mung nginum sajeng tan malih, lawan meneng karyanya. Aneng pereng ampingan andhemping, [...]
