PUPUH I DHANDHANGGULA [1] Rarasing tyas lir sarkara manik, dènirarsa murwèng srining raras, masalah ing rahsa rêke, atmaning tyas ginilut, mêmalatsih berkahing gusti, supadya tumulara, tiruèng pra luhur, têtuladhaning utama, utamane ngaurip anèng dumadi, dumadining widada. Kang ginusthi tuladhaning nguni, Sri Sudibya Maha Binathara, ing Surakarta prajane, jêjuluk Jêng Sinuhun, waliyullah yasèng Cêmani, [...]
