❆ PUPUH I ❆ ASMARADANA Rasaning tyas kasmaraning, denira nurun wasita, wasita dingin critane, trajanging ambeg widagda, dibya mardi mardawa, wirutama angangayuh, ya ngayuh wahyu nugraha. Abudi meleng maladi, dinulura tyas widada, dadya dayaning wilujeng, lembahing manah manulat, leluri luhurira, raharja harja cinakup, cacat ceda kang beg sura . Rikala alamiriki, karaton Pengging jinarwa, wara [...]
