PUPUH I KINANTHI || Kinanthi amurweng kidung, srinarendra kang mandhiri, surakarta kaping sanga, puwara widugdeng kawi, wasis ing gendhing wus kondhang, mumpuni kidung palupi || || Memalat waluyaning kung, mangripta kidung sesingir, ngulari lejaring driya, driyarda asemu wingit, mangun wudharing duhkita, tumuntur karsaning widdhi || || Wedharing nala mangapus, puspitanireng utami, tumamem ing driya aywa, […]
