PUPUH I ASMARADANA || Ingsun amiwiti amuji | anebut namaning Yang Sukma | kang murah ing dunya mangke | tembe asih ing ngaherat | kang pinuji tan pegat | angganjar wong kawlas ayun | angapura wong kang doasa || || Milane kawula amuji | maring Allah ingkang mulya | panedhahena maneh ingong | angsala paring […]
