PUPUH I DHANDHANGGULA Pan kacaryan pasemoning ati, ingkang rinipta ing sêkarkara, nalika ing tarbukane, nulari ing pitutur, kang tutur tembung têrmah Kawi, lampahan kang tinelad, ing têtkalanipun, Kanjêng Sunan Kalijaga, duk ndhugale cinoba marang Sang Yogi, Kanjêng Sinuwun Bonang. Lokajaya putêra sawiji, apan wontên ing nêgari Tuban, kang garwa tinilar bae, klangkung pan ndhugalipun, saba […]
