PUPUH D U R M A Kawruhana lamun sira tinakonan, apa tegese lajim, enggal saurana, meneng pan tegesira enggal, sipat subut sajati. Lajim lawan subut artinipun apa saurana den aglis kadi urip kita kang wikan ing priyongga, kang kawasa ingpribadi, ingkang miyarsa, nora liyan pribadi. Kang akarsa pan nora liyan piyambak, miwah kang aningali, pan …
