PUPUH I DHANDHANGGULA Nihan doning ulun manulad Sri, ring sarkara mamrih memardawa, tyas wigena panjutane, juwet silarjeng tuwuh, wahananing kahanan jati, sujana paramaria, witaning tumuwuh, winangun ingkang sasmita, ginupita kang srat Babad Jaka Tingkir, malar dadya pusaka. Ing ri Akad duk wiwit mengeti, kaping kalih likur sasi Sapar, wanci pukul sawelase, lintang ingkang lumaku, …
