PUPUH I S I N O M Dan kalanira sinerat, hing malem Rebo Alegi, tanggalipun ping nembelas, Epon pasarane ugi, Sapar wau kang sasi, Ehe Wawu taunipun, nuju mangsa katiga, sengkalane kang lumaris, Karti Roro Pandhita Eka semana. Hanenggih kang ginupita, jeng pangran Mangkunegari, kalanira habedhama, lan kang rama Sri Narpati, Jeng sunan Mangkubumi, …
